Cangkriman
Cangkriman iku unèn-unèn utawa ukara kang kudu dibatang. Cangkriman
umumé kanggo gégojégan. Ana uga cangkriman kang digawé sayembara ing lakon wayang. Cangkriman ana werna-werna, yaiku: cangkriman
wancahan, pepindhan, lan blèndèran (plèsèdan). Ana uga wangsalan kang dijawab dhéwé.
Cangkriman iku kapérang dadi papat,
yaiku:
- cangkriman kang awujud tembung wancahan.
- cangkriman kang awujud pepindhan utawa irib-iribing barang.
- cangkriman kang ngemu surasa blenderan
- cangkriman liya-liyané
Bab
lan Paragraf
- 1 Cangkriman Wancahan
- 2 Cangkriman Pepindhan
- 3 Cangkriman Blèndèran
- 4 Cangkriman kang kacetak wacanan
- 5 Delengen Uga
Cangkriman
Wancahan
- kabaketan = nangka tiba nang suketan.
- pakboletus = tapak kebo ana léléné satus.
- burnaskopen = bubur panas kokopen.
- wiwawité, lesbadongé = uwi dawa uwité, tales amba godongé
- yumaerong = yuyu omahé ngerong
- suru bregitu = asu turu di bregi watu
- pakboletus = tepak kebo lelene satus
Cangkriman
Pepindhan
Cangkriman pepindhan iku cangkriman
kang awujud ukara kang mèmper kaya kanyatané. Contoné:
- Sega sekepel dirubung semut = salak.
- Pitik walik saba kebon = nanas.
- Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon = dom (jarum).
- Wit adhikih woh adhakah = waloh.
- Wit adhakah woh adhikih = ringin.
- Kebo bulé cancang marang = buntil
- Gajah nguntal sangkrah = pawon
- Emboké wuda, anaké tapihan = pring
Cangkriman
Blèndèran
Cangkriman blèndèran iki cangkriman
iki sejatiné ukara pranyatan kang bisa gawé bingung yèn macané salah. Contoné:
- Wong adol témpé ditalèni = sing ditalèni témpé, dudu wong sing dodol.
- Wong mati ditunggoni wong mèsam-mèsem = sing mèsam-mèsem wong sing nunggu, dudu sing mati.
- Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran = wong ngunduh kambil
Cangkriman
kang kacetak wacanan
Cangkriman iki rinakit arupa
tembang. Tuladha:
Bapak pucung, rèntèng-rèntèng kaya kalung. Dawa kaya ula,
pencokanmu wesi miring. Sing disaba, si pucung mung turut kutha. (sepur)
Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sangkamu ing Plémbang,
ngon ingoné sang Bupati. Yèn lumampah, si pucung lèmbèhan grana. (gajah)
Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sabamu ing sendhang,
péncokanmu lambung kéring. Praptèng wisma, si pucung muntah kuwaya.
(klenthing/jun)
0 komentar:
Posting Komentar