Pages

Selasa, 19 November 2013

Soal Ulangan



GLADHEN UJI KOMPETENSI  1
ULANGAN HARIAN 1

Wacan 1
Ayo Gotong Royong

Kembang-kembang terong
Mbang terong megare sore
Ayo gotong royong
Gotong royong nyambut gawe

Kembang-kembang lembong
Mbang lembong dironce-roce
Ayo gotong royong
Guyup rukun kabeh wargane
……………………………                           
Wus dadi kodrate
Manungsa mono tan  bisa urip dhewe
Saka lahir prapteng patine
Tansah gumantung sapepadhane

Mula,  urip gotong royong kang pinatri ing telenging nala
Tindakna ywa nganti kepeksa
Kudu lila legawa
Sepi ing pamrih rame ing gawe
Iku semboyane
Mempeng makarya kiwakna pepulih
Murih salwiring gati
Titi tamat telas lulus basuki

Kabeh pakaryan  linakwan
Kanthi seneng ulat padhang tan nggresula
Urun bau suku, penggalihan, apadene  redana
Kanthi dhasar karukunan
Mahanani bebrayan kang tata tentrem karta raharja
(Pak Jarno, Sleman 23 Maret 2011)

1.      Kodrate manungsa iku kepriye?
a.       Bisa urip dhewe, ora gumantung wong liya
b.      Ora bisa urip dhewe lan tansah mbutuhake wong liya
c.       Saka lahir nganti mati bisa urip dhewe
d.      Ora perlu bantuane sapa-sapa
2.      Kembang-kembang terong
Mbang terong megare sore
Ayo gotong royong
Gotong royong nyambut gawe
Rumapakan iki kalebu .....
a.       Parikan
b.      Geguritan
c.       Cangkriman
d.      Wangsalan
3.      Rumpakan Ayo Gotong Royong sing ditengenake .....
a.       Cacahing guru wilangan
b.      Runtuting swara
c.       Pamilihing tembung kang mentes
d.      Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
4.      Rumpakan ayo Gotong Royong kalebu .....
a.       Tembang campursari
b.      Tembang dolanan
c.       Tembang macapat
d.      Geguritan
5.      Mula,  urip gotong royong kang pinatri ing telenging nala
Tindakna ywa nganti kepeksa
Tembung nala, dasanamane......
a.       Ludira, rah
b.      Angga, badan, salira
c.       Ati, wardaya, kalbu
d.      Netra, paningal, soca
6.      Sepi ing pamrih rame ing gawe, nduweni teges ....
a.       Sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad
b.      Nyambut gawe kanthi mempeng lan ora ngarep-arep sembulih
c.       Nyambut gawe mempeng kanthi pamrih bisaa oleh pituwaskang gedhe
d.      Nyambut gawe kudu dikantheni pamrih supaya katekan sedyane
7.      Kang bisa disumbangake ana ing gotong royong kaya ing ngisor iki, kajaba ....
a.       Dhuwit
b.      Tenaga
c.       Panganan lan inuman
d.      Semangat
8.      Kang dadi dhasar gotong royong kaya ing ngisor iki, kajaba .....
a.       Lila legawa
b.      Karukunan
c.       Rasa handarbeni
d.      Pangkat lan drajad
9.      Sing dikarepake gotong royong yaiku ....
a.       Nyambut gawe bebarengan ing lingkungan papan dununge
b.      Nyambut gawe bebarengan tanpa opahan
c.       Nyambut gawe bebarengan kanthi oleh opah kang murwat
d.      Nyambut gawe ngresiki dalan, gawe kreteg lan sapanunggalane
10.  Tembung kang tegese meh padha karo gotong royong, kaya ing ngisor iki, kajaba .....
a.       Reresik dalan
b.      Gugur gunung
c.       Kerja bakti
d.      Usung-usung lumbung
11.  Gugur gunung iku mujudake pengamalan Pancasila kang kaping ....
a.       Siji
b.      Loro
c.       Telu
d.      Lima
12.  Gugur gunung pinangka salah sawijining tradisi leluhur ing sajroning urip bebrayan.
Tembung tradisi nduweni teges .....
a.       Kuna
b.      Lawas
c.       Turun temurun
d.      Tinggalan
13.  Tembung gotong royong, menawa ditulis Jawa ....
a.       gt=ry=
b.      [go[toz\[ro[yoz\
c.       [go[t=o[ro[y=o
d.      [go[t=oz[ro[yoz\
14.  Kudu lila legawa, yen ditulis Jawa ....
a.       kufulilXgw
b.      kufulillegw
c.       kudulil[lgw
d.      kudulillegw
15.  Nemoni kabegjan utawa nampa kanugrahan saka Gusti Allah, bebasane.....
a.       Ngontragake gunung
b.      Karubuhan gunung
c.       Kajugrugan gunung menyan
d.      Katepang ngrangsang gunung
16.  Sesawangan iku yen sinawang saka kadohan nengsemake, bareng dicedhaki njuwarehi. Sesawangan kang mangkono iku bebasane ….
a.       Watu gunung
b.      Sri gunung
c.       Tunggang gunung
d.      Gunung geni
17.  Lho kok  njanur gunung  kadingaren  esuk-esuk kok wis tekan kene!
Tembung njanur gunung, kadingaren  karepe ......
a.       Kadingaren
b.      Aren
c.       Blarak
d.      Degan
18.  Maca geguritan kudu nggatekake wirama, tegese ….
a.       Munggah mudhune swara
b.      Dawa cendhake tetembungan
c.       Gedhe cilice ukara
d.      Rasa pangrasane pocapan
19.  Maca geguritan uga kudu nggatekake wiraga, tegese ….
a.       Tingkah laku nalika arep maca geguritan
b.      Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sawise maca geguritan
c.       Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon nalika maca geguritan
d.      Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sadurunge maca geguritan
20.  Mengkono uga babagan wirasa aja dilalekake amarga wirasa iku ….
a.       Kanggo mbedakake apik lan orane geguritan
b.      Kanggo nambahi greget anggone maca geguritan
c.       Kanggo ngetokake pinter lan orane sing maca
d.      Kanggo mbedakake isine geguritan iku sedhih, seneng, semangat apa nesu
Wacan 2
                                        Sengkut Gumregut

Langit wetan sumamburat abang
Trontong-trontong sang bagaskara ucul saka gendhongane jagad
Embun esuk lir mutyara rinonce
Angawe-awe manembrama tekane dina anyar

Nalika sang surya mancati tataraning langit
Kapyarsi dara muluk angaluk-aluk
celuk warga desa Punthuk
Murih padha mlumpuk ing bambinging gumuk

Selur andalidir lir sela blekithi
Lumampah datan  ana pedhote
Pacul, arit, dhandhang, linggis
Wus samekta ing asta
Gya makarya saiyeg saekapraya
Sengkut gumregut  tumandang kardi
Nambak-nambal setu banda kang ambrol

Tangan-tangan prakosa kinanthen  tekad waja
Linambaran sesanti Sepi ing pamtih rame ing gawe,
Holobis kuntul baris
Pakaryan abot lan nglengkara
Dadya nyata
Setu banda wus kabanda pengkuh kukuh bakuh

(Pak Jarno, 6 Agustus 2010)
21.  Rumpakan ing ndhuwur kalebu …..
a.       geguritan                    
b.      tembang macapat
c.       tembang dolanan        
d.      tembang campursari
22.  Apa sing katon ngawe-awe mangayubagya tekane dina anyar manut rumpakan ing ndhuwur?
a.       Langit abang              
b.      Srengenge kang njedhul
c.       Embun esuk                          
d.      Swara dara muluk
23.  Tembung : Bagaskara, tegese padha karo ….
a.       rembulan                    
b.      surya
c.       angin              
d.      gunung
24.  Dara muluk ngaluk-aluk celuk-celuk warga desa Punthuk.
Sing dikarepake dara muluk yaiku ….
a.       Swara dara mbekur    
b.      Swara sawangan manuk dara
c.       Swara kenthongan 
d.      Swara ngeploki dara
25.  Nambak nambal setu banda kang ambrol
Ateges masarakat padha gotong royong ndandani …..
a.       Kreteg
b.      Dalan
c.       Kalen irigasi
d.      Bendungan
26.  Selur andalidir lir sela blekithi. Tegese …
a.       Kaya wong nggiring bebek
b.      Kaya tentara  baris
c.       Kaya wayang dijejer-jejer
d.      Kaya semut mlaku ing dhuwur watu

27.  Sing digawa dening para warga kang arep gotong royong kaya ing ngisor iki, kajaba ....
a.       Sapu
b.      Arit
c.       Pacul
d.      Dhandhang
28.  ?kufulilXgw,[aorkepekS. 
       Unine tulisan Jawa kasebut .....
a.       Kudu lila legawa, ora kepeksa.
b.      Kudu lila lan legawa, aja kepeksa.
c.       Kudu lila legawa, aja nganti kepeksa.
d.      Kudu lila lan legawa, ora kena kepeksa.
29.  Karukunan iku bakal nambahi kekuwatan, dene yen padudon njalari karusakan, kaya unine paribasan …..
a.       Tuna satak bathi sanak
b.      Obah ngarep kobet buri
c.       Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah
d.      Saiyeg saeka kapti
30.  Kabeh gegayuhan iku mbutuhake ragad, kaya unine paribasan …..
a.       Jer basuki mawa beya
b.      Tangan kumrembyah suku jumangkah
c.       Sepi ing pamrih rame ing gawe
d.      Rumangsa handarbeni wajib melu hanggondheli

GLADHEN UJI KOMPETENSI  2
ULANGAN HARIAN 2

Wacan 1
Kanggo mangsuli soal nomer 1 tekan nomer 10
Pocung
1.          Esuk iku para siswa padha ngumpul,
  Aneng ngarep kelas,
  Dhawuh guru kang den anti,
  Guru dhawuh para siswa nambut karya.

2.          Para murid wis nyawiske arit sapu,
  Gathul pacul seblak
  Kinarya aresik-resik,
  Kanggo mahargya pengetan kamardikan


3.       Siswa putri sami sengkut nggenya nyapu,
       Miwah tata tata
       Nata meja lawan kursi,
       Jubin resik kelas kinclong gilar-gilar.

4.      Siswa kakung nyekel pacul miwah gathul,
      Ngatur taman kelas,
      Babad-babad rumput teki,
      Nandur kembang ngrengga kelas sampun purna.

           (Pak Jarno, Sleman 20 Januari 2010)

1.      Tembang Pocung iku kalebu golongane ….
a.       Tembang  macapat   
b.      Tembang dolanan
c.       Tembang campursari  
d.      Geguritan gagrag lawas
2.      Tembang Pocung ing ndhuwur ana 4 (patang) ….
a.       Gatra                           
b.      Tembung
c.       Pada                            
d.      Paragraf
3.      Saben satembangan tembang Pocung ing dhuwur ana 4 (patang) .....
a.       Gatra
b.      Pada
c.       Guru wilangan
d.      Guru lagu
4.      Tujuane para murid padha resik-resik manut tembang ing ndhuwur yaiku ….
a.       Kanggo mengeti dina kamardikan
b.      Kanggo ngramekake dina kamardikan
c.       Kanggo mahargya dina kamardikan
d.      Kanggo memetri dina kamardikan
5.      Tembang ing ndhuwur kang nduweni guru wilangan 12 mapan ing larik ….
a.       Larik 1 lan 2              
b.       Larik 3 lan 4
c.        Larik 2 lan 4              
d.       Larik 1 lan 4
6.      Tibaning swara vocal  : a, i, u, e , o ana ing pungkasan larik tembang diarani ….
a.       Guru gatra               
b.      Guru lagu
c.       Guru wilangan         
d.      Guru swara
7.      Apa dhawuhe guru marang para siswa?
a.       Para siswa didhawuhi nyambut gawe
b.      Para siswa didhawuhi sregep sinau
c.       Para siswa didhawuhi nggawa piranti kerja bakti
d.      Para siswa didhawuhi reresik dalan
8.      Apa sing ditindakake siswa putri?
a.       Ngatur taman kelas
b.      Reresik kelas
c.       Ndandani meja lan kursi
d.      Nyapu dalan
9.      Sing ditindakake siswa kakung kaya ing ngisor iki, kajaba .....
a.       Ngatur taman kelas
b.      Mbabati suket
c.       Nandur kembang
d.      Ngatur meja lan kursi
10.  Nata meja lawan kursi
 Jubin resik kelas kinclong gilar-gilar.
Tembung gilar-gilar, nduweni teges .......
a.       Padhang jingglang
b.      Katon resik lan padhang
c.       Resik banget
d.      Resik lan sehat

Wacan 2

Kanggo nggarap soal nomer 11 tekan  20

Holobis Kuntul Baris

Dening : Pak Jarno
Rowang,
Aja pijer lungguh jegang sangga uwang
Nyawang kadang kang sengkut tumandang
Aja mung dadi mandhor
Tudang-tuding mondhar-mandhir
Mundur mungkur gangsir
Ayo disengkud tumandang !
Mbabati kang rungkud,  dimen padhang

Sawangen kae!
Si Sumbul othal-athul namakake gathul
Dhik Atak giyak-giyak nyekel seblak
Mas Adul gombal-gambul ngangkat pacul
Mbak Anggit jingkat-jingkit maprasasake arit
Rak ora ana sing nganggur ta?

Kanca,
Coba uwuh lan  plastik kuwi jupukana
Kumpulna lan buwangen ing papan kiwa
Aja pating slebar nyenyepet netra
Mundhak dadi susuhing lelar
Holobis kuntul baris
Makarya kinanthen ikhlasing nala
Ulat padhang awak sayah datan rinasa
Usung-usung lumbung rampung
Kelas resik lingkungan sehat


11.  Rumpakan “Holobis Kuntul Baris” iku kalebu ....
a.       Tembang macapat
b.      Tembang dolanan
c.       Tembang campursari
d.      Geguritan
12.  Tembung Holobis  Kuntul Baris, iku satemene jeneng .....
a.       Jeneng panganan
b.      Jeneng kutha
c.       Jeneng uwong
d.      Jeneng bangunan
13.  Aja mung dadi mandhor
Tudang-tuding mondhar-mandhir
       Mundur mungkur gangsir

Tembung : mandhor, mondhar-mandhir, mundur ing rumpakan iki migunakake purwakanthi ....
a.       Guru swara
b.      Guru sastra
c.       Lumaksita
d.      Guru lagu
14.  Sing padha gotong royong ana ing rumpakan kasebut kaya ing ngisor iki, kajaba ....
a.       Mas Galih
b.      Dhik Atak
c.       Mas Adul
d.      Mbak Anggit
15.  Piranti sing padha digawa kanggo kerja bakti kaya ing ngisor iki, .....
a.       Pacul
b.      Ember
c.       Arit
d.      Gathul
16.  Aja pating slebar nyenyepet netra
Mundhak dadi susuhing lelara
Dasanamane tembung netra, yaiku ....
a.       Mripat, soca, paningal
b.      Mustaka, mripat, rikma
c.       Wadana, pasuryan, mripat
d.      Karna, talingan, paningal
17.  Coba uwuh lan  plastik kuwi jupukana
Kumpulna lan buwangen ing papan kiwa
Ana ing paramasastra ukara iki kalebu ukara ....
a.       Pakon
b.      Pitakon
c.       Pangajak
d.      Pamenging
18.  Kumpulna lan buwangen ing papan kiwa
Tegese papan kiwa ....
a.       Papan ing sisih kiwa
b.      Papan sing kerep diambah
c.       Papan sing arang-arang diambah
d.      Papan pembuangan sampah
19.  Sing kalebu ukara sesanti gotong royong saliyane Holobis Kuntul Baris, kaya ing ngisor iki, kajaba .....
a.       Sepi ing pamrih rame ing gawe
b.      Saiyeg saekapraya
c.       Rukun agawe santosa
d.      Rawe-rawe rantas malang-malang putung
20.  Nindakake gotong royong iku kudu dikantheni ati sing kepriye?
a.       Lila legawa
b.      Kepeksa
c.       Kebak ing pamrih
d.      Ulat padhang
Wacan 3
Kanggo mangsuli pitakon nomer 21 tekan 25
            RUKUN AGAWE SANTOSA
                                                               Dening : R. Tantiningsih

Kadangku……
Donya iki dudu duwekku
Donya iki dudu duwekmu
Mula
Aja rebutan panguwasa
Aja rebutan bebener

Kadangku………
Elinga,
Aku lan  kowe ora bisa urip ijen
Aku lan  kowe kudu urip bebarengan
Sayuk rukun
Gotong royong
Bahu binahu

Adohna rasa drengke srei
Jail methakil
Gedhekna rasa tepa salira
Urip bakal tentrem ayem
(W Pramono,s,Blog)

21.  Rukun agawe Santosa, nduweni teges .....
a.       Manawa urip rukun bakal mahanani kekuwatan
b.      Kekuwatan iku kudu dikantheni urip sing rukun
c.       Karukunan lan kekuwatan bakal nuwuhake katentreman
d.      Katentreman lan karukunan iku ndadekake masyarakat urip mulya
22.  Guritan ing pada siji isi piwulang .....
a.       Aja rebutan panguwasa lan golek benere dhewe
b.      Wong urip ing alam donya iki ora bisa urip dhewe
c.       Tansah nengenake gotong royong lan bantu binatu
d.      Kudu ngedohake jail methakil lan drengki srei
23.  Guritan ing pada loro isi piwulang kaya ing ngisor iki, kajaba .....
a.       Awake dhewe urip ing alam donya iki ora bisa urip dhewe
b.      Awake dhewe urip ing alam donya iki kudu urip bebarengan
c.       Tansah nengenake sayuk rukun, gotong royong lan bantu-binantu
d.      Awake dhewe bisa urip dhewe sauger padha gotong royong lan sayuk rukun
24.  Adohna rasa drengke srei
Jail methakil
Sing dikarepake watak jail methakil yaiku .....
a.       Ora seneng marang kabegjane wong liya
b.      Apa-apa kudu menang
c.       Atine ala lan seneng maeka liyan
d.      Seneng ngapusi
25.  ?ge[dkNrstepsLir.
Unine tulisan Jawa kasebut .....
a.       Gedhekna tepa salira.
b.      Gedhekna rasa tepa slira.
c.       Gedhekna rasa tepa salira.
d.      Gedhene rasa tepa salira.

Wacan 3
Kerukunan iku kaya kartika ing akasa
Nduweni papan kang mardika
Kerukunan iku kaya rembulan lan bagaskara
Ngayahi jejibahan kang ora padha
Kerukunan iku kaya driji-driji tangan lima
Yen salah sawiji sulaya
Ora bakal nduweni daya

26.  Kang dadi pepindhan kerukunan ana ing pethikan guritan ing dhuwur kaya ing ngisor iki, kajaba ....
a.       Driji lima
b.      Rembulan
c.       Srengenge
d.      Langit

27.  Tembung kang nduweni teges lintang ana ing pethikan geguritan ing ndhuwur yaiku ....
a.       Kartika
b.      Akasa
c.       Mardika
d.      Bagaskara
28.  Karukunan iku kaya rembulan lan bagaskara
Dasanamane bagaskara yaiku ....
a.       Surya, candra, kartika, srengenge
b.      Surya, sitaresmi, akasa, srengenge
c.       Surya, raditya, rawi, srengenge
d.      Pertiwi, buwana, candra, srengenge
29.  Rembulan , yen ditulis Jawa .....
a.       remB|ln
b.      remB|lN
c.       remB|ln\
d.      xmB|ln\
30.  ?krukunNnHikukyf]ijilim.
Unine tulisan Jawa iku .....
a.       Karukunan iku kaya driji lima.
b.      Karukunan iku kaya driji-driji lelima.
c.       Karukunan iku kaya driji-driji tangan lima.
d.      Karukunan iku kaya driji-driji lima.

GLADHEN UJI KOMPETENSI  3
ULANGAN HARIAN 3

1.      Ana keyong, digawe sate.
       Rumpakan ing ndhuwur kalebu ….
a.       Geguritan gagrag lawas                      
b.      Tembang Pocung
c.        Parikan                          
d.       Cangkriman
2.       “Aku ering karo kono”. Supaya dadi parikan, sampiran sing pas kanggo ukara mau yaiku ….
a.       Piring beling cacah pitu
b.      Piring beling regane sewu
c.       Piring beling isi gula
d.      Piring beling pecah loro
3.      Terusna parikan iki: Kupat janure tuwa, ….
a.       Bocah papat wis tuwa-tuwa 
b.      Mangan kupat entek lima
c.       Menawi lepat nyuwun pangapura
d.      Ana kawat kanggo pencokan ula
4.      Ing ngisor iki endi parikan sing isine pitutur?
a.       Dara mangan pari, durung bada wis nganyari
b.      Manuk emprit nucuk pari, dadi murid sing taberi
c.       Good morning selamat pagi, klambi kuning jenenge siti
d.      Jaran kore, tumpakane ki demang, marga kowe dheweke dadi gemang
5.      Bakul sate nggawa dara, kowe mrene karo sapa?
       Dideleng saka isine parikan mau awujud ….
a.       Pitakonan
b.      Pitutur
c.       Pangolok-olok (ngisin-isin)
d.      Ngandhani
6.      Jemek-jemek, gulane Jawa.
      Aja ……., karo …….
     
     Ganepe parikan kasebut kaya ing ngisor iki, kajaba .....
a.       Ngenyek, kanca
b.      Golek , wong tuwa
c.       Ngenyek, wong tuwa
d.      Ngenyek, sapadha-padha
7.      Suwe ora jamu, jamu godhong kencur.
Suwe ra ketemu, ketemu pisan maju mundur.
Parikan kasebut ngemu surasa .....
a.       Teteg atine
b.      Ragu-ragu
c.       Seneng atine
d.      Lara atine
8.      Endi parikan kang surasane sindhiran?
a.       Manuk tuhu mencok pager, yen sinau mesthi pinter
b.      Timun sigarane, ayo mbangun negarane
c.       Anak dara jare piyik, seneng nangga ora becik
d.      Dara mangan pari, durung bada wis nganyari
9.      Tuladha parikan kanggo mungkasi sesorah kaya ing ngisor iki, kajaba .....
a.       Kupat janure tuwa, menawi lepat nyuwun pangapura
b.      Jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kawula
c.       Kupat kecemplung santen,  menawi lepat nyuwun pangapunten
d.      Iwak sepat dimasak santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten
10.  Sing dudu titikane parikan yaiku .....
a.       Dumadi saka rong ukara, saben saukara kedadean saka rong gatra
b.      Ukara kapisan pinangka sampiran, ukara kapindho pinangka isi
c.       Kawengku ing paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
d.      Migunakake purwakanthi guru swara
11.  Godhong waru, Pating slebar.
Dadi guru, Kudu sinau.
Parikan kasebut kang luput ana ing tembung .....
a.       Waru
b.      Slebar
c.       Guru
d.      Sinau
12.  Rambut dawa, disureni.
Sastra Jawa, diuri-uri.
Manawa parikan kasebut mawa paugeran (4 + 4) x 2 tembung diuri-uri ing parikan kasebut kakehan sawanda, mula bisa diganti tembung sing tegese padha yaiku .....
a.       Edi peni
b.      Digemateni
c.       Dipepetri
d.      digoleki
13.  Manuk emprit, mabur dhuwur.
Dadi murid,  ......
Teruse parikan kasebut yaiku .....
a.       Kudu sregep
b.      Kudu manut
c.       Kudu mituhu
d.      Kudu jujur
14.  Bang –abang jambu dersana
............................................
Eman-eman yen sembrana
Keduwung tembe burine.

Sampiran kang cocog kanggo gatra kapindho ......
a.       Yen gula regi rasane
b.      Gula pasir legi rasane
c.       Gula pasire legi rasane
d.      Gulane pasir legi rasane
15.  ............................................
Kaduk uyah kurang legi
Piwelingku mring pra mudha
Nggayuha wulang utami.
Ukara kang cocog kanggo gatra kapisan ......
a.       Gawe kolak saka klapa mudha
b.      Gawe kolak klapa mudha
c.       Gawe kolak saka pisang raja
d.      Kolak klapa mudha
16.  Pitik blorok, netes siji.
Jare kapok, malah ndadi.
Parikan ing ndhuwur kedadean saka ....
a.       (4 wanda + 8 wanda) x 2
b.      (4 wanda + 4 wanda) x 2
c.       (5 wanda + 5 wanda) x 2
d.      (5 wanda + 6 wanda) x 2
17.  Ing ngisor iki pinangka tuladha parikan bebas, ora kawengku cacahing wanda yaiku ....
a.       Suwe  ora jamu,
                    Jamu godhong tela,
                    Suwe ra ketemu,
                    Ketemu pisan neng kutha Sala.
b.      Ana lutung, rebutan mete.
Lung-tinulung, karo kancane
c.       Kopi bubuk, tanpa gula
Aja ngamuk, gelis tuwa.
d.      Kembang dhondhong, tinandur tepining gedhong.
                  Sugih omong, pratandha kawruhe kopong.
18.  ?frmznPri   .........
Ganepe parikan kasebut .....
a.       spluzkufubli
b.      anbytuku[roti
c.       furu=bfwisZv/ri
d.      sptukut]si
19.              ?ankFr,j[rpiyik\,
sen_n=g, ......
Ganepe parikan kasebut .....
d.      ffibecik\
e.       mesQibecik\
f.       tmBhbecik\
g.      [aorbecik\
20.  ...................................
prsisWkufujuju/.
Isine cecek-cecek ing gatra kapisan iku ....
a.       angulrubu=semut\
b.      [kokituwsksl
c.       anlwmbu/duwu/
d.      guljwrs[nX


GLADHEN ULANGAN TENGAH SEMESTER 1

Wacan 1
                                        Sengkut Gumregut

Langit wetan sumamburat abang
Trontong-trontong sang bagaskara ucul saka gendhongane jagad
Embun esuk lir mutyara rinonce
Angawe-awe manembrama tekane dina anyar

Nalika sang surya mancati tataraning langit
Kapyarsi dara muluk angaluk-aluk
celuk warga desa Punthuk
Murih padha mlumpuk ing bambinging gumuk

Selur andalidir lir sela blekithi
Lumampah datan  ana pedhote
Pacul, arit, dhandhang, linggis
Wus samekta ing asta
Gya makarya saiyeg saekapraya
Sengkut gumregut  tumandang kardi
Nambak-nambal setu banda kang ambrol

Tangan-tangan prakosa kinanthen  tekad waja
Linambaran sesanti Sepi ing pamtih rame ing gawe,
Holobis kuntul baris
Pakaryan abot lan nglengkara
Dadya nyata
Setu banda wus kabanda pengkuh kukuh bakuh

(Pak Jarno, 6 Agustus 2010)

1.      Rumpakan ing ndhuwur kalebu …..
a.       geguritan                    
b.      tembang dolanan        
c.       tembang campursari
d.      tembang macapat
2.      Apa sing katon ngawe-awe mangayubagya tekane dina anyar manut rumpakan ing ndhuwur?
a.       Swara dara muluk
b.      Langit abang              
c.       Srengenge kang njedhul
d.      Embun esuk                          
3.      Tembung : Bagaskara, tegese padha karo ….                  
a.       surya
b.      angin              
c.       gunung
d.      rembulan
4.      Dara muluk ngaluk-aluk celuk-celuk warga desa Punthuk.
Sing dikarepake dara muluk yaiku ….
a.       Swara dara mbekur    
b.      Swara kenthongan 
c.       Swara ngeploki dara
d.      Swara sawangan manuk dara
5.      Nambak nambal setu banda kang ambrol
Ateges masarakat padha gotong royong ndandani …..
a.       Kreteg
b.      Bendungan
c.       Dalan
d.      Kalen irigasi
6.      Selur andalidir lir sela blekithi. Tembung sela tegese …
a.       Arang-arang
b.      Watu
c.       Lemah
d.      Sepi
7.      Tegese sesanti “Sepi ing pamrih rame ing gawe” yaiku …
a.       Mempeng nyambut gawe jalaran ana opahe
b.      Nyambut gawe kanthi semangat lan tekun
c.       Mempeng nyambut gawe tanpa ngarep-arep opah
d.      Mempeng nyambut gawe supaya kecukupan uripe
8.      Maca geguritan kudu nggatekake wirama, tegese ….
a.       Gedhe cilike swara
b.      Lirih lan serone swara sarta pasemone rai
c.       Munggah mudhune swara
d.      Dawa cendhake tetembungan
9.      Maca geguritan uga kudu nggatekake wiraga, tegese ….
a.       Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sawise maca geguritan
b.      Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon nalika maca geguritan
c.       Patrap, sikap, obahing awak lan pasemon sadurunge maca geguritan
d.      Tingkah laku nalika arep maca geguritan
10.  Mengkono uga babagan wirasa aja dilalekake amarga wirasa iku ….
a.       Kanggo mbedakake apik lan orane geguritan
b.      Kanggo mbedakake isine geguritan iku sedhih, seneng, semangat apa nesu
c.       Kanggo ngetokake pinter lan orane sing maca
d.      Kanggo nambahi greget anggone maca geguritan

Wacan 2

Pocung
1)         Esuk iku para siswa padha ngumpul,
  Aneng ngarep kelas,
  Dhawuh guru kang den anti,
  Guru dhawuh para siswa nambut karya.

2)         Para murid wis nyawiske arit sapu,
  Gathul pacul seblak
  Kinarya aresik-resik,
  Kanggo mahargya pengetan kamardikan

11.  Tembang Pocung iku kalebu golongane ….
a.       Tembang campursari  
b.      Tembang dolanan
c.       Tembang  macapat   
d.      Geguritan gagrag lawas
12.  Tembang Pocung ing ndhuwur ana 2 (rong) ….
a.       Pada
b.      Gatra                           
c.       Guru wilangan                         
d.      Pupuh
13.  Tujuane para murid padha resik-resik manut tembang ing ndhuwur yaiku ….
a.       Kanggo mengeti dina kamardikan
b.      Kanggo mahargya dina kamardikan
c.       Kanggo ngramekake dina kamardikan
d.      Kanggo memetri dina kamardikan
14.  Tembang ing ndhuwur kang nduweni guru wilangan lan guru lagu 8i mapan ing larik ….
a.       Larik 3
b.      Larik 2               
c.       Larik 1
d.      Larik 4           
15.  Cacahing wanda  ing saben larik tembang diarani ….
a.       Guru gatra               
b.      Guru lagu
c.       Guru wilangan         
d.      Guru swara
16.  Ana keyong, digawe sate.
Guyup rukun kabeh wargane.
       Rumpakan ing ndhuwur kalebu ….
a.       Geguritan gagrag lawas     
b.      Parikan                                         
c.       Tembang macapat
d.      Tembang campursari
17.   “Aku ering karo kono”. Supaya dadi parikan, sampiran sing cocok  kanggo ukara mau yaiku ….
a.       Piring beling pecah loro
b.      Piring beling cacah pitu
c.       Piring beling regane sewu
d.      Piring beling isi gula
18.  Terusna parikan iki: Kupat tanpa santen ….
a.       Bocah papat ra bosen-bosen 
b.      Mangan kupat entek pinten
c.       Menawi lepat nyuwun pangapunten
d.      Ana uwong golek karsen
19.  Ing ngisor iki endi parikan sing isine nyindhir?
a.       Dara mangan pari, durung bada wis nganyari
b.      Manuk emprit nucuk pari, dadi murid sing taberi
c.       Good morning selamat pagi, klambi kuning jenenge siti
d.      Jaran kore, tumpakane ki demang, marga kowe dheweke dadi gemang
20.  Bakul sate nggawa dara, kowe mrene karo sapa?
       Dideleng saka isine parikan mau awujud ….
a.       Pitutur
b.      Pangolok-olok (ngisin-isin)
c.       Pitakonan
d.      Ngandhani
21.  Rugi bandha sawetara naging tambah sedulur , kaya unine paribasan …..
a.       Tuna satak bathi sanak
b.      Obah ngarep kobet buri
c.       Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah
d.      Saiyeg saeka kapti
22.  Kabeh gegayuhan iku mbutuhake ragad, kaya unine paribasan …..
a.       Tangan kumrembyah suku jumangkah
b.      Sepi ing pamrih rame ing gawe
c.       Rumangsa handarbeni wajib melu hanggondheli
d.      Jer basuki mawa beya
23.  Ibu ngagem ali-ali awangun  …….
a.       Gugur gunung
b.       Gunung sepikul
c.        Sri gunung
d.       Gunungan
24.  Gugur gunung, menawa ditulis nganggo aksara Jawa …..
a. gugur\gunuz\
b  gugu/gunu=
c,  gugurGunuz\
d. gu[go/gun=
25.  Gotong royong, menawa ditulis aksara Jawa …
a.  [go[to=[ro[yo=
b.  gt=ry=
c.  [go[toz\[ro[yoz\
d.  [go[toz[ro[yo=
Wacan 3
Kerukunan iku kaya kartika ing akasa
Nduweni papan kang mardika
Kerukunan iku kaya rembulan lan bagaskara
Ngayahi jejibahan kang ora padha
Kerukunan iku kaya driji-driji tangan lima
Yen salah sawiji sulaya
Ora bakal nduweni daya

26.  Kang dadi pepindhan kerukunan ana ing pethikan guritan ing dhuwur kaya ing ngisor iki, kajaba ....
a.       Lintang
b.      Langit
c.       Rembulan
d.      Srengenge
27.  Tembung kang nduweni teges langit  ana ing pethikan geguritan ing ndhuwur yaiku ....
a.       Kartika
b.      Akasa
c.       Mardika
d.      Bagaskara
28.  Karukunan iku kaya rembulan lan bagaskara
Dasanamane rembulan  yaiku ....
a.       Kartika, taranggana, sudama
b.      Candra, sitaresmi,sasi
c.       Surya, raditya, rawi, srengenge
d.      Pertiwi, buwana, kisma
29.  Rembulan  padhang, yen ditulis Jawa .....
a.       remB|ln\pd=
b.      remB|lNpdz
c.       remB|lnPd=
d.      xmB|lnPd=
30.  ?krukunNnHikukyf]ijiXlim.
Unine tulisan Jawa iku .....
a.       Karukunan iku kaya driji lima.
b.      Karukunan iku kaya driji lelima.
c.       Karukunan iku kaya driji-driji tangan lima.
d.      Karukunan iku kaya driji-driji lima.

e.       Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!
1        Critakna isine geguritan Sengkut Gumregut ing wacan 1 nganggo basamu dhewe!
2        Temtona guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang Pocung!
3        Maca geguritan iku kanthi awewaton 4 W, sebutna lan terangna tegese 4W kasebut!
4        Gawea parikan kang isine : dadi murid iku kudu sregep sinau
5        Tulisen aksara Jawa!
Suwe ora jamu, jamu godhong tela.
Suwe ora ketemu, ketemu pisan gawe lega.
GLADHEN UJI KOMPETENSI  4
ULANGAN HARIAN 4
Wacan 1
Sabda   : “Apa kowe padha slamet?”
Jati       : “Ora …gedhe aku tinimbang Slamet!”
Sabda   : “E ….ditakoni tenanan ko wangsulan sakepenake!”
Jati       : “Lha, iya, apa ora bener wangsulanku. Slamet kae gering, dene aku lemu.
                 Apa ora  gedhe aku. Iya, ta?”

1         Wawan gunem antarane Sabda karo jati iku isine .....
a.       Cangkriman wancahan
b.       Cangkriman irib-iriban
c.        Cangkriman tembang
d.       Cangkriman srekalan
1.      Sing dikarepake padha slamet dening Sabda iku .....
a.       Gedhene padha kro slamet
b.      Lemune padha karo slamet
c.       Geringe padha karo slamet
d.      Ora ana alangan sawiji apa

Wacan 2
Bapak pocung isih enom klambi gadhung,
Yen wis rada tuwa,
Si pocung klambine kuning,
Tuwa pisan si pucung klambine abang
2.      Nitik cacahing gatra tembang ing ndhuwur iku tembang .....
a.       Gambuh
b.      Asmaradana
c.       Pocung
d.      Maskumambang
3.      Tembang  ing ndhuwur isine .....
a.       Geguritan
b.      Cangkriman
c.       Parikan
d.      Wangsalan
4.      Bedhekane tembang ing ndhuwur iku ....
a.       Mlinjo
b.      Jambu
c.       Pelem
d.      Gedhang
1.      Tembang ing ndhuwur kang nduweni guru wilangan 12 mapan ing larik ….
a.       Larik 1 lan 2              
b.       Larik 3 lan 4
c.        Larik 2 lan 4              
d.       Larik 1 lan 4
2.      Bapak pocung isih cilik kemul sarung
Bareng wis diwasa,
Lukar sarung lukar klambi,
Sepuh pisan den pancung nggo dandan-dandan.

Bedhekane cangkriman  tembang iki ....
a.       Wit klapa
b.      Empring
c.       Wit gedhang
d.      Wit pari
8.      Paman demang, klambi abang, bang, bang, bang disuduk manthuk-manthuk
Badhekane cangkriman iki ......
a.       Kates
b.      Rambutan
c.       Tuntut kembang gedhang
d.      Kembang srengenge
9.      Endi sing kalebu cangkriman?
a.       Pitik walik tanpa lancur, pangkat cilik arang nganggur
b.      Pitik walik saba kebon
c.       Simbah ngingu pitik walik 5
d.      Pitik walik iku duwekku
10.  Kang  kalebu cangkriman wancahan yaiku ...
a.       Sega sekepel dirubung tinggi = salak
b.      Wong wudunen sugih pari = paringisan
c.       Burnas kopen = bubur panas kokopen
d.      Disambung malah cendhak = tali
11.  Badhekane cangkriman: gitar
Unine cangriman ......
a.       Dipijet gulune dikebug wetenge
b.      Dipijet wudele mendelik mripati
c.       Ditekak gulune diithik-ithik wetenge
d.      Ditarik tangane dijiwiti wetenge
12.  Kang  kalebu cangkriman plesetan/srekalan
a.       Bakule kambil dikepruki
b.      Mbokne wuda anake tapihan
c.       Dipenyet wudele mendelik mripate
d.      Pitk walik saba meja
13.  Kang  paling enak dhewe iku kecap cap ....
a.       Bango             
b.      Bagong
c.       Ratu               
d.       Koki
14.  Bapak pocung tanpa untu darbe siyung, badanira panjang,tutukira pan pesagi,dina-dina pucung nedha buntutira.
a.       Sepur              
b.      Ula
c.       Tali sepatu      
d.      Setut

 Wacan 3
Gugur Gunung
                                                     :  KRT. Wasita Diningrat/Wasito Dipuro/ Ki Cokrowasita
Laras : Pelog Pathet Barang
   
                                    Ayo kanca, ayo kanca, ngayahi karyaning praja
                                    Kene , kene, gugur gunung tandang gawe
                                    Sayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancane
                                    Lila lan legawa kanggo mulyaning Negara
                                    Siji, loro, telu, papat
                                    Maju papat-papat, diulang-ulungake
                                    Mesthi enggal rampunge
                                    Holobis kuntul baris, holobis kuntul baris
                                    Holobis kuntul baris, holobis kuntul baris.

15.  Rumpakan ing wacan 3 kalebu ......
a.       Tembang gendhing dolanan
b.      Tembang macapat
c.       Geguritan
d.      Tembang tengahan
16.  Para kanca lagi nindakake pagaweyan kanggo sapa?
a.       Kanggo para kanca
b.      Kanggo negara
c.       Kanggo masarakat
d.      Kanggo awake dhewe
17.  Sipat apa kang diduweni kanca-kanca kanggo mulyaning negara?
a.       Sayuk rukun
b.      Lila
c.       Legawa
d.      Sayuk rukun lan lila legawa
18.  Sapa sing nganggit tembang Gugur Gunung iku?
a.       Ki Narto Sabdho
b.      Mantho’us
c.       Ki Wasito Diningrat
d.      Gesang
19.  Ukara kang kalebu semboyane Gugur Gunung yaiku ....
a.       Sayuk rukun
b.      Holobis kuntul baris
c.       Siji, loro, telu, papat
d.      Ayo kanca ngayahi karyaning praja
20.  Cakepan tembang iki endi sing isine : ajakan anti korupsi?
a.       Kuwi apa kuwi e kembang melathi, Sing tak puja- puji aja dha korupsi, Marga yen korupsi negarane rugi, Piye ta Mas piyee, aja ngona-ngono-ngono kuwi.
b.      Kuwi apa kuwi e kembange turi,  Sing tak puja-puji kudu dha memetri,  Amurih lestari kabudayan Jawi,  Piye dhik piye, alah ngona-ngono-ngono kuwi.
c.       Kuwi apa kuwi e kembange menur, Sing tak puja-puji mbok ya padha jujur, Amarga yen jujur negarane makmur, Piye dhik payee, iya ngona-ngono-ngono kuwi.
d.      Kuwi apa kuwi e kembange waru, Sing tak puja-puji ayo dha bersatu, Marga yen bersatu negarane maju,  Piye mas payee, alah ngona-ngono-ngono kuwi.
21.  Purwakanthi kang dipigunakake ing Tembang Kuwi Apa Kuwi  .....
a.       Purwakanthi guru swara
b.      Purwakanthi guru sastra
c.       Purwakanthi lumaksita
d.      Purwakanthi guru basa

Wacan 4
Poma-poma wekas mami,
Anak putu aja lena,
Aja ketungkul uripe,
Lan aja duwe kareman;
Marang pepaes donya,
Siyang dalu dipun emut,
Yen urip manggih hantaka
                                                             (Serat Wulangreh, Sri Paku Buwana IV)
22.  Nitik guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang macapat ing ndhuwur kalebu tembang ....
a.       Asmaradana
b.      Sinom
c.       Pocung
d.      Gambuh
23.  Intisarine tembang ing ndhuwur yaiku ....
a.       Ngurang-urangi marang barang kadonyan
b.      Aja kebangeten anggone mburu kadonyan lan kudu tansah eling marang Gusti manawa wong kuwi bakale mati
c.       Kudu tansah manembah marang Gusti sebab wong kuwi bakale mati
d.      Golekana bandha kanggo sangu urip ing akherat
24.  Sapa sing paring dhawuh  utawa piweling ing tembang iku?
a.       Mami
b.      Anak putu
c.       Simbah
d.      Sri Paku Buwana IV
25.  Poma-poma wekas mami,
Tembung mami ing tembang iku tegese .....
a.       Ibu
b.      Bibi, bu lik
c.       Aku, ku
d.      Kowe
26.  Tembang ing ndhuwur kang guru wilangan lan guru lagune 7a dumunung ing gatra ....
a.       2                             b. 4                                c. 5                                     d. 7
27.  Yen urip  manggih hantaka.
Tegese hantaka .....
a.       Semaput
b.      Tiba
c.       Mulya
d.      Mati
28.  Lesung wis siyaga, yen ditulis Jawa .....
a.       lesu= wissiyg
b.      Xsu=wisSiyg
c.       lesu=wisSiyg
d.      lesuz\wis\siyg
29.  ?m=sxnD_turh[toy.
Unine ukara tulisan Jawa kasebut .....
a.       Mangsa rendheng kathah toya.
b.      Mangsa rendheng wewah toya.
c.       Mangsa rendheng turah toya.
d.      Mangsa rendheng akeh toya.
30.  ?si=tkPepujiajd[korupSi.
Unine tulisan Jawa kasebut .....
a.       Sing tansah jujur aja padha korupsi
b.      Sing jujur aja padha korupsi
c.       Sing tak puja-puji aja dha korupsi.
d.      Sing tak pepuji aja dha korupsi.