Pages

Sabtu, 28 Desember 2013

nyemak pawarta

Nyemak warta

                Wara-wara yaiku aweh kabar utawa aweh weruh marang sapa bae sing weruh utawa sing krungu supaya ngerti prastawa utawa sawijining bab. Wara-awara bisa wujud lesan utawa tulisan. Wara-wara kang wujud tulisan ayiku lumantar Koran, majalah, pamphlet, iklan utawa kertas selebaran. Dene kang wujud lesan yaiku lumantar televise, radio, utawa di ucapake langsung.
Media masa iku wujude ana sing bisa dirungokake (radio),di waca  (ariwarti lan kalawarti), utawa di tonton (televisi). Maneka warna warta sing bisa di jupuk saka media massa, kayata: budaya, pendidikan, ekonomi, politik, olahraga, lankriminal.
Tuladhane pawarta I
Prau jaman mataram di temokake ing bengawan solo
                Sawijining prau kuna di temokake ing lokasi pengerukan wedhi bengawan solo desa padhang, kecamatan trucuk, bojonegoro. Sepisan prau mau di temokaken dening kadi (50th), warga desa padhang. Atas temonan iku, tim peneliti saka balai pelestarian peninggalan purbakala trowulan, mojokerto,Nitipriksa kahanane prau. Tim peneliti nduweni dudutan prau mau mujudake peninggalane Karajan mataram kuna. Tanda-tanadane bisa dideleng saka angka taun ing perangane sing nuduhake angka 1612masehi.
                Di bandhingake karo temonan-temonan barang pur bakala ing panggonan liya, prau kuna ing bojonegoro iki bentuke kebiji paling sampurna. Ukir-ukuran ing payone prau, yaiku kembang rupa ijo lan abang, dinuga di pengaruhi dening motif ukiran Madura. Balai pelestarian nedya ngentasake prau kuna iku saka njero kali kanggo bahan penelitian sak banjure.

Tuladha pawarta II

Reca singasari sumimpen ing Negara landa
                Kanggo mengeti kamardikan RI 17 Agustus 1945 reca-reca jaman kerajaan singasari di pamerakake ing museum nasiona Jakarta. Reca petilasne singasari sing kapamerake yaiku, mahakala, nandhisara, siwa cakra-cakra, ganesa lan durga. Eman reca-reca kang ngandhut sejarah iki kabradhat dening bangsa walanda.
                Wiwit di temokake ing malang jaa timur abad 18 kepungkur, reca-reca mau di gawa menyang Negara landa lan di simpen ing riksmuseum voor vorkenkunde. Iki pada karo nasibe reca ken dhedes sing nganti saiki esih dumunung ing Negara tilas penjaja mau.
 Kepala museum nasional mratelekake, reca-reca mau lagi sepisan iki di pamerake ing Indonesia. Nanging dudu mung reca singasari wae kang kabajang ing pameran kanthi tema “shared cultural heritage” iki. Jalaran kejaba saka situs singasari, panitia iga mamerake tinggalane situs Borobudur, combre, muteran lan puger wetan. Saka saknjabane pulo jawa tinemu koleksi etnografi saka sumatera, jawa, Lombok, Kalimantan, Sulawesi, nusa tenggara timur lan papua.
                 
Tuladha III
Lelayu

Bismillahirrahmaannnirrahiim
Innalillahiwa inna ilahi roji’un
Sampun katimbalan sowan marak ngarsanipun Allah SWT kala dinten selasa pahing surya kaping 20 April 2003, wanci jam 04.15
BP.Drs. MITRA MARTANA
Jalaran nandhang gerah, dumugu yuswa 95 tahun.
Jenazah badhe kasarekaken wonten paareyan karang turi, karanganyar
Dinten                  : selasa pahing
Surya kaping      : 20 April 2003
Tabuh                   : 15.00 WIB
Bidhal saking      : griya dhukita jl. Larasmaya no 43 RT 05/RW XIV perumahan permata karangturi,
Karanganyar
Mbokbilih nalika sugengipun almarhum hanggadhahikelepatan dhateng panjenegan, kaluwarga nyuwunaken pangampunten.
Karangturi, 20 April 2003
Ingkang nandhang sungkawa

IBU SUMINAH MITRASENTARA



1 komentar:

  1. Aku menehi saran https://www.penpaland.com
    Android:http://app.appsgeyser.com/Penpaland

    BalasHapus