Pages

Sabtu, 14 Desember 2013

latihan saol bahasa jawa smp kelas 9

LATIHAN SOAL BAHASA JAWA SMP KELAS 9 1. 12u, 6a, 8i, 8a. Iku paugerane tembang macapat…. a. Pucung b. Megatruh c. Maskumambang d. Gambuh 2. Perangane pidhato kudu nyakup kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba …. a. Pambuka b. Dudutan c. Isi d. Donga 3. Ana kedadean kucing (tubruk) tikus ing latar mau isuk. Tembung sakjroning kurung benere yaiku… a. Ditubruk b. Daktubruk c. Tinubruk d. Nubruk 4. Pegaweyan kang gampang banget dilakoni, dening menungsa, disanepakake kayata suwe mijet … a. Wohing ranti b. Isi madu c. Ngrogoh rempela d. Bapa kepradhah 5. Ing sakjeroning puisi jawa,Cacahe gatra saben sapada di arani … a. Guru lagu b. Guru sastra c. Guru gatra d. Guru wilangan 6. Puisi Jawa gagrag anyar, kang ora kaiket karo anane guru gatra guru lagu lan guru wilangan diarani … a. Paribasan b. Wangsalan c. Parikan d. Geguritan 7. “Arep gawe apa, Mas Darman?”pitakone Andi nalika ngerti mas Darman milihi kayu jati. Ukara kasebut kalebu ukara … a. Langsung b. Camboran c. Ora langsung d. Sananta 8. Arman matur bilih piyambake badhe neresaken sekolahipun ngantos dumugi SMA . Ukara kasebut kalebu ukara … a. Langsung b. Camboran c. Ora langsung d. Sananta 9. Ukara kang jejere nindakake pakaryan kayata “Prapto ngumbah sepedha motore bapak” di arani ukara … a. Sananta b. Tanduk c. Tanggap d. Sambawa 10. Sepeda motore Pak Lurah diservis karo Darman. Ukara kasebut kalebu ukara … a. Sananta b. Tanduk c. Tanggap d. Sambawa 11. Kucing sing pawakane lemu kuwi(tubruk) tikus neng latar. Tembung jrone kurung benere … a. Ditubruk b. Tinubruk c. Daktubruk d. Nubruk 12. Ing sakjeroning ukara,yen panggonane jejere di kenani pakaryan lesan diarani ukara … a. Tanggap b. Tanduk c. Sananta d. Sambawa 13. Arip bidal numpak sepedha badhe dateng pasar. Tembung numpak kudune … a. Nyengklak b. Nunggang c. Nuntun d. Nitih 14. Tembang kang watake sedih lan kentekan pangarep-arep, yaiku tembang…. a. Gambuh b. Pangkur c. Megatruh d. Maskumambang 15. Tembang macapat iku uga diarani tembang…. a. Gedhe b. Cilik c. Kawi d. Dhagelan 16. Crita kang nerangake bab asal-usule panggonan, diarani…. a. Mite b. Dongeng c. Legenda d. Cerbung 17. Wisatawan kang asale saka mancanegara bisa nekakake…. a. Bea b. Laba c. Devisa d. Bathi Andhe-Andhe Lumut Ing Kraton Daha (Kediri) Prabu Lembu Amiluhur kagungan putri aran Galuh Candra Kirana kang uga sinebut Dewi Sekartaji.Dheweke duwe sesambungan katresnan karo putra raja Jenggala aran Raden panji Asmara bangun,satriya gagah pideksa kang bagus rupane.Galuh Candra kirana kang sulistya ing warna anggone sesambungan katresnan karo Panji Asmara Bangun ora dipangestoni. 18. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur… a. Ande-Ande Lumut b. Prabu Lembu Amiluhur c. Dewi Sekartaji d. Galuh Candrakirana 19. Asal daerah ngendi Prabu Lembu Amiluhur iku… a. Kraton Daha b. Mataram c. Kraton majapahit d. Ronggolawe 20. Aran liya sapa Galuh Candrakirana iku… a. Dewi Sekartaji b. Dewi Kunthi c. Panji Semirang d. Dewi Shinta 21. Kepriye anggone katresnan Galuh Candrakirana marang Panji AsmaraBangun…? a. Dipangestoni b. Pada kuciwa c. Ora dipangestoni d. Ono pepalang 22. Mingkar-mingkuring angkara Akarana karenan mardi siwi Sinawang resmining kidung Sinuba sunukarta Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung Kang tumrap ing tanah Jawa Agama ageming aji Tembang ing dhuwur diarani tembang macapat apa? a. Sinom c. Pangkur b. Mijil d. Megatruh 23. Tegese tembung sinawang, ing tembang macapat ing dhuwur yaiku…. a. Terlewati b. Terlihat c. Terindah d. Tertawa 24. Sarkara, hartati iku sasmitane tembang …. a. Asmarandana b. Dhandhanggula c. Kinanthi d. megatruh 25. Aksara jawa kang ana aksara murdane yaiku …. a. Na, ka, ta, sa, pa, ga, ba b. Na, ma, ja, ya, ba, tha, dha c. Na, ka, ta, sa, wa, ba, ga d. Na, ka, pa, la, ra, ba, sa 26. Wong kang padha ngenggar-ngenggar ati ing papan wisata diarani …. a. Wisatawan b. Transmigran c. Imigran d. Emigrant 27. Dasanama yen ing basa Indonesia kasebut…. a. Homonim b. Sinonim c. Hoponim d. Homogram 28. Cacahe gatra saben sakpadan diarani…. a. Guru gatra b. Guru lagu c. Guru wilangan d. Saka guru 29. Gunane aksara swara yaiku …. a. Nulis asma b. Pakurmatan c. Nulis tembung manca d. Nulis wilangan 30. Ati tentrem urip dadi ayem. Tembung ati dasanamane yaiku …. a. Driya b. Jantung c. Rempela d. Suku 31. Nemtokake tema, nemtokake tujuan, ngumpulake bahan, nyusun ngrengengan pidhato,ngembangake ngrengengan dadi teks pidhato,latihan kanthi suwara lan pocapan kang trep diarani… a. Alur crito c. Langkah-langkah pidhato b. Peraga tambahan d. Jenise pidhato 32. Bapak Ibu Guru ingkang dhahat kinurmatan, sedaya kanca ingkang tansah kula tresnani. Tuladha ing duwur yaiku perangane tanggap wacana babagan …. a. Salam pambuka b. Surasa basa c. Purwaka d. Pangarep-arep 33. Suplemen Vitamin Sing diarani suplemen yaiku Vitamin lan mineral tumrape wong sing kekurangan vitamin lan mineral. Sejatine kanthi mangan sing becik menune, kabutuhan vitamin mesti uga kacukupan, sebab sing di kaperlokake mung setitik. Nanging ana kalane uwang butuh tambahan vitamin, kayata, wong kang mari lara, mari operasi abot, merga uwis tuwa, lan sakpanunggale. Miturut wacan ing dhuwur, suplemen iku dig awe marang wong kang kakurangan…. a. Serat lan protein b. Kerbohidrat lan vitamin c. Lemak lan serat d. Vitamin lan mineral 34. Suplemen iku cocog gawe wong kaya ing ngisor iku yaiku…. a. Wong kang mari kerjo abot b. Wong kang mari operasi abot c. Wong kang mari tandang gawe d. Wong kang mari makaryo 35. Sing dadi gagasan bakune paragraph ing dhuwur yaiku …. a. Vitamin penting gawe jaga kaanan awak supaya tetep sehat b. Suplemen penting gawe wong kang kurang vitamin lan mineral c. Suplemen digawe nglemokake awak kang lagi mentas lara d. Vitamin lan suplemen kudu di konsumsi supaya tetep sehat 36. Yen kepingin ora nambah supplemen, kudu mangan panganan kang ngandhut…. a. Serat lan protein b. Vitamin lan mineral c. Lemak lan serat d. Lemak lan vitamin 37. suplemen yaiku Vitamin lan mineral tumrape wong sing kekurangan vitamin lan mineral.Tegese tembung tumrape yaiku…. a. Langganane b. Kudune c. Cocoke d. Nalika 38. Yen arep nindakake pidhato supaya lumaku lancar kudu….. a. Gawe naskah pidhato b. Maca buku sing akeh c. Ngerteni sapa sing ngrungokake d. Nyilih naskah 39. Dudutan sakjroning pidhato yaiku …. a. Perangan kang ngamot pambuka pidhato b. Perangan kang ngamot bakune pidhato c. Perangan kang ngawiti pidhato d. Paugeran kang mesti nalika pidhato 40. Dasaname duweni ateges yaiku …. a. Duwe teges sepuluh b. Tegese kabeh sepuluh c. Duwe teges padha d. Duwe teges akeh 41. Aksara murda duweni guna agawe…. a. Nulis tembung manca b. Nulis jeneng manca c. Nulsi jeneng kanggo pakurmatan d. Nulis jeneng kutho gedhe 42. Titikane aksara rekan yaiku …. a. Dijupuk saka aksara latin b. Dijupuk saka aksara arab c. Dijupuk saka aksara dewanagari d. Dijupuk saka aksara jawa 43. Guru lagune tembanga gambuh yaiku …. a. U, i, u, i, o b. U, u, i, u, o c. I, a, i, a d. U, a, i, a 44. Anik metu saka kelas katon suntrut jalaran biji rapoteala. Dasanamane tembung suntrut yaiku…. a. Seneng b. Susah c. Sumringah d. Bungah 45. Dasanamane tembung omah, kaya ing ngisor iki kajaba…. a. Wisma b. Pawiyatan c. Graha d. Bale 46. Yen ing sakngarepe aksara swara ana aksara sigeg, mula aksara mau kudu…. a. Dadi pasangan b. Dipangku c. Digandheng d. Ditumpuk 47. Cekap semanten atur kawula, mugi-mugi ingkang kula aturaken saged migunani dumateng sederek sedaya. Ukara mau perangane pidhato sing diarani …. a. Pambuka c. Pangarep b. Panutup d. Pamburi 48. Pesisir Karanggongso Trenggalek Pesisir Karanggongso Kabupaten Trenggalek akhire kepilih minangka obyek wisata kategori” The Most Outstanding Award” (Obyek wisata kang paling onjo ing babagan anggone mbangun lan ngatur) kelompok obyek wisata alam,nyisihake nominatur liyane, yaiku: Pesisir Jumiang (Pamekasan), lan Ranu Segaran (Probolinggo), Prestasi iki bakal ngangkat Trenggalek minangka salah sijine jujugan wisata sing ora kalah karo wisata pesisir segara liyane. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur? a. Pesisir Karanggongso Trenggalek b. Pesisir nyisihake nominator liyane c. Trenggalek Obyek wisata d. Prestasi duweke kutha Trenggalek 49. Obyek wisata Pesisir Karanggongso Trenggalek bisa nyisihake pesisir apa? a. Jumiang,Ratu Segaran b. Jumiang lan Ranu Segaran c. slopeng lan Ranu Segaran d. Ranu Segaran lan teleng Ria 50. Aksara kang sengaja direka utawa digawe kanggo njangkepi cacahe aksara kang bisa katulis nganggo aksara jawa diarani… a. Aksara swara b. Aksara Legena c. Aksara Rekan d. Aksara Murda

0 komentar:

Posting Komentar