Pages

Jumat, 10 Januari 2014

kawruh basa jawa



KAWRUH BASA

Busananing basa, yaiku kabeh ube rampe basa amrih dadi lan endahe. Kang kelebu busanananing.
Basa, yaiku garban, bebasan-paribasan, sanepa, wangsalan, yogyaswara, saroja, purwakanthi, entar, saloka, parikan, dasanama, rura-basa, keretabasa.
1.      Garban, yaiku tembung 2 utawa luwh kang di gandeng, cacahing wanda suda nanging tegese esih ajeg.
tuladha: sarwa endah
à sarwendah
2.      Bebasan-pribasan, yaiku ungel-ungelan kang ajeg panganggone anggone awujud ukara wantah, dadi dudu pepindahan (upama)
tuladha: negar mawa tata desa mawa cara
à tata cara iku manut panggonane dhewe-dhewe.
3.      Sanepa, yaiku lambing, karepe kanggo mbangkitake tegese
tuladha: awak kuru semangka
à lemu
4.      Wangsalan, yaiku bangsane cangkriman, ebusane kasebut ing ukara candhake, dadi ora melok
tuladha: ngrokok cendhak senengane neges-neges
à tegesan
5.      Yogyaswara, yaiku tembung-tembung kang kaya pada swarane, ateges lanang-wadon
tuladha: putra-putri
6.      Saroja, yaiku tembung rangkep, dadi pada tegese. Gunane kanggo mbangetake tegese
tuladha: tindak-tanduk
7.      Purwakanthi, yaiku runtutung swara
tuladha: sluman slumun slamet
8.      Entar, yaiku tembung kang tegese ora wantah, nanging tegese silihan
tuladha: kethul pikirane
à bodho
9.      Saloka, yaiku ungel-ungelan kang ajeg panganggone kang sinamun upama (pepindahan)
tuladha: gupak pulute ora mangan nangkane
à melu rekasa ora ngrasakake asile
10.  Parikan, yaiku kang memper pantun (Indonesia) mawa purwaka lan isi (sampiran la nisi), guru lagune ab ab
tuladha: abang-abang ora legi tiwas dagang ora dadi
11.  Dasanama, yaiku tembung-tembung kawi kang pada tegese (10 nama)
tuladha: srengenge
à rawi, diwangkara, bagaskara, bagaspati, prangatapati, radite, arka, aruma, baskara
12.  Rura-basa, yaiku tembung-tembung kang rusak, salah kaprah
tuladha: nggodog wedang, nguleg sambel
13.  Keretabasa, yaiku cara negesi tembung kang mung nggotak-nggatukake tembung arih cocoge
tuladha: kerikil
à keri ing sikil
              garwa
à sugaring nyawa

0 komentar:

Posting Komentar