Pages

Sabtu, 04 Januari 2014

Contoh Parikan



PARIKAN
Babak belur mangan bukur
Uwit ganyong ndarani naga
Ayo sedulur pada sing akur
Gotong royong ngewangi tangga

Maju mundur pada nyelonong
Pada mangan woh delima
Hey sedulur aja nyolong
Kui pegawean dilarang agama

Ana kursi ngambang ning kali
Aja korupsi mending dadi kuli 

Ana menungsa ana Jin
Lagi keder rebutan dana
Bocah sekolah kudu rajin
Endah pinter ilmune berguna 

Wajik klethik, gula Jawa
luwih becik wong prasaja


Manuk emprit nggawa kawat ing wit waru
Dadi murid, kudu hormat marang guru



0 komentar:

Posting Komentar