Pages

Jumat, 10 Januari 2014

sesorah bahasa jawa



SESORAH

Sesorah yaiku micara ing sangarepe wong akeh kanthi ancas utawa tujuan tartamtu.
Wondene ancase wong sesorah yaiku :
  • atur pambagya
  • maringi informasi
  • atur pangajak
  • atur panglipur
  • paring panyaruwe

Wong sesorah kudu ngewekani bab-bab ing ngisor iki antarane yaiku :
  • basane kudu pas karo situasi lan kondisi acara
  • busanane kudu sopan lan empan papan
  • solah bawa kang mranani, mrebawani nanging aja digawe-gawe

Methode utawa teknike wong pidhato utawa sesorah ana :
  • methode maca teks
  • methode apalan
  • methode ekstemporan
  • methode impromptu

Wong sesorah kudu urut lan sistematis ,urutan-urutane sesorah kaya ing ngisor iki :
  • salam pambuka
  • atur pakurmatan
  • atur puji syukur marang Gusti Alloh
  • atur panuwun marang para tamu
  • surasa
  • pangarep-arep
  • atur pangapura
  • salam panutup


    tuladha sesorah
  • PENGETAN DINTEN PENDIDIKAN NASIONAL


    Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
    Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.

    Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.

    Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika.

    Pangetan dinten pendidikan nasional sanget tumrap kula panjenengan sadaya. K.H Dewantara,pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa pendidikan wonten negara indonesia.

    ing pengetan hari pendidikan punika sumgga kita sedaya tansah eling marang jasanipun bapak pendidikan nasional yaiku bapak kh. deawantara, amargi jasa-jasa nipun kita sedaya saged lumampah lan sekolah, mugi-mugi pendidikan wonten negara kita tansah maju,lan saged tumindak beccik amargi pendidikan ingkang sae 

    Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah siswa-siswi ingkang saged kiprah kadi lan pemerus bangsai. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.

    Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang, sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Kh dewantara ingkang luhur punika

    Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.

1 komentar:

  1. Pangetan dinten pendidikan nasional sanget tumrap kula panjenengan sadaya. K.H Dewantara,pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa pendidikan wonten negara indonesia.
    kalimat ini kalau dibahasain indonesia jadinya gimana mas? mhon bantuannya dong

    BalasHapus