Pages

Sabtu, 14 Desember 2013

LATIHAN SOAL SMP KELAS 7 SMP

LATIHAN SOAL SMP KELAS 7 SMP 1. Sawise lulusan aku ndherek pindhahe bapak menyang Jakarta. Tembung lingga ingkang wonten ing ukara kasebut inggih punika… a. sawise, lulusan, ndherek c. sawise, ndherek, Jakarta b. ndherek, pindhahe, menyang d. Jakarta, menyang, bapak 2. Saiki aku seneng sekolah ana ing MTs Al-Abror Sawangan. Ingkang boten tembung lingga saking ukara kasebut inggih punika... a. saiki c. sekolah b. aku d. Sawangan 3. A : Kowe wis nduwe kanca pira ing sekolah anyar iki??? B : ... Wangsulan ingkang ngangge basa krama ingkang leres inggih punika... a. aku wis nduwe kanca akeh. c. kula sampun gadhah kanca kathah. b. aku sampun nduwe rencang kathah. d. aku sampun gadhah kanca akeh. Wacana kangge pitakena angka 4-7. Lairipun Bratasena Sang Resi Abiyasa paring dhawuh, bilih ing binjing ingkang wayah bungkus badhe dados senopatining prang ingkang pilih tandhing, prawira tetungguling prajurit, saha dados tamenging para Pandhawa. Sasampunipun gamblang sedaya dhawuhipun Sang Resi Abiyasa, Arya Yamawidura dalah Puntadewa lajeng kadhawuhan wangsul. Konduripun Arya Yamawidura dalah Puntadewa pinarak dhateng wana Wandalaksana. 4. Irah-irahan wacana ing nginggil inggih punika... a. sedanipun Bratasena c. lairipun Pandhawa b. lairipun Bratasena d. lairipun Puntadewa 5. Sinten ingkang paring dhawuh dhateng para Pandhawa? a. Pandhawa c. Arya Yamawidura b. Resi Abiyasa d. Puntadewa 6. Cacahipun Pandhawa punika wonten... a. 3 c. 5 b. 4 d. 6 7. Sinten ingkang wangsul sasampunipun dhawuhipun Sang Resi Abiyasa. a. Pandhawa lan Resi Abiyasa c. Puntadewa lan Pandhawa b. Resi Abiyasa lan Arya Yamawidura d. Arya Yamawidura lan Puntadewa Wacana kangge pitakenan angka 8-11. Dina iku simbah ngendika, biyen ana bocah telu sing lagi mulih sekolah njupuk pelem sing ana pekarangane simbah nanging ora matur dhisik. Sing loro menek ana ndhuwur, dene sing siji ngumpulake ana ngisor. Pirsa bocah telu lagi lagi gayeng milihi pelem mau simbah nyedak alon-alon. Sing ana ngisor dijawil karo dikandhani alon-alon, yen padha luwe ayo padha menyang omah bae, simbah wis mateng anggone gawe sayur lodheh karo nggoreng gereh. Bocah mau karo keweden malah mlayu nggeblas tanpa pamit. 8. Ingkang dipuncariyosaken simbah punika wekdal kadadosanipun.... a. dinten punika c. sapunika b. kala wingi d. biyen 9. Watakipun simbah wonten ing pethikan kasebut... a. sabar c. lucu b. galak d. medeni 10. Ingkang dijawil simbah lan badhe diajak nedha(mangan) inggih punika.... a. bocah telu ingkang nembe menek wit b. bocah setunggal ingkang nembe menek wit c. bocah setunggal ingkang nembe wonten ing andhap wit d. bocah kalih ingkang nembe menek wit 11. Piweling simbah, dados tiyang sanajan boten gadhah bandha/dhuwit prayoganipun... a. boten tumindak ingkang boten colong jupuk b. boten tumindak colong jupuk c. tumindaka ingkang colong jupuk d. tumindaka colong boten jupuk 12. Pak Sastro : Nak Budi kuwi daleme pundi? Budi : .... Wangsulanipun Budi ingkang leres inggih punika... a. dalem kula caket griyanipun Pak Lurah. c. griya kula caket dalemipun Pak Lurah. b. griya kula caket griyanipun Pak Lurah. d. dalem kula caket dalemipun Pak Lurah. 13. Bu Marti : .... Intan : Kula bidhal saking griya tabuh 06.00 Pitakenan Bu Marti ingkang leres inggih punika... a. Dek Intan dhek mau mangkat jam pira? c. Dek Intan kala wau kondur jam pinten? b. Bu Marti kalawau tindak jam pinten? d. Bu Marti dhek mau mangkat jam pira? 14. ”Aku arep lunga ning omahe Riska”. Basa krama ingkang leres saking ukara kasebut... a. aku ajeng tindak ning omahe Riska. c. kula ajeng kesah ing dalemipun Riska. b. kula badhe tindak ing griyanipun Riska. d. kula badhe tindak ing daleme Riska. 15. 1. Wektu iku isih kelas 3 SD, aku tau kecebur ing kali cilik ing mburi omahku. 2. Ya... perasaan wedi iku kegawa nganti saiki. 3. Menawa ora ana kang weruh lan nulung aku, mbok menawa aku wis ora ambegan meneh. 4. Aku ngeri yen bayangke bab iku. 5. Sanajan kali iku cilik, nanging banyune banter. 6. Kanggone kanca-kanca bab iku nyenengake banget, nanging kanggoku nuwuhaken perasaan sing beda. 7. Wiwit cilik aku wis wedi karo banyu. Bab iku ana gandheng rakete karo pengalamanku. Prathelan-prathelan ing nginggil supados dados carita ingkang sae dipunsusun kanthi urutan... a. 6 – 4 – 2 – 3 – 5 – 1 – 7 c. 6 – 1 – 4 – 2 – 5 – 3 – 7 b. 7 – 6 – 1 – 5 – 4 – 2 – 3 d. 7 – 5 – 2 – 4 – 3 – 6 – 1 16. WARA-WARA menehi pangerten marang murid kelas VII kang arep melu ”Jalan Sehat” supaya kumpul ing sekolah jam 06.00 WIB. Prathelan ing andhap punika ingkang jumbuh/cocok kaliyan isi wara-wara ing nginggil inggih punika.... a. murid kelas VII kang arep melu jalan sehat kumpul jam 06.00 WIB b. murid kelas VII kumpul ing sekolah jam 06.00 WIB c. kabeh murid kelas VII kumpul ing sekolah jam 06.00WIB d. kabeh murid kelas VII supaya melu jalan sehat 17. Medhia elektronik ingkang asring/lumrahdipun-ginakaken kangge nyiaraken wara-wara inggih punika.... a. TV, radio, internet c. ariwarti, kalawarti, pamphlet b. internet, kalawarti, TV d. spanduk, kalawarti, radio 18. Ater-ater anuswara punika cacahipun wonten 4, inggih punika.... a. dak, ko, di, lan ka c. dak, ko, (a)ny, lan (a)n b. (a)ny, (a)ng, (a)m, lan (a)n d. di, ka, (a)m, lan (a)n 19. Ingkang kedah dipun-gatosaken nalika maos nyaring inggih punika kajaba.... a. swara c. ekspresi b. ejaan d. intonasi 20. Swaten(swara) nalika maos nyaring punika kedah.... a. cetha c. apik b. banter d. alon A. Jawablah pertanyaan-pertanyaan di bawah ini dengan benar dan jelas ! 1. Ragam Basa Jawi punika wonten 3 warni. Sebataken ragam Basa Jawi punika lan kados pundi pangagemipun? 2. Kados pundi caranipun ndamel karangan cerita pengalaman pribadhi ingkang leres punika? 3. Babonipun(inti/induk) saking cerita wayang punika wonten kalih, inggih punika? 4. Punapa ingkang dipunpadosi(dimaksud) ater-ater punika? 5. Ater-ater anuswara cacahipun wonten 4, punapa mawon lan paringi tuladhanipun! LATIHAN SOAL KELAS 7 SMP SEKOLAH Ing kene aku bungah Karo kanca sing padha sumringah Sanajan adoh saka omah Supaya ilmuku tambah Supaya agawe bapak bungah Lan ibu bisa sumringah 1. Wosipun geguritan ing nginggil, inggih menika .... a. Bocah sekolah kedah bungah supados ilmune tambah. b. Bocah sekolah kedah bungah amarga cedak omah. c. Bocah sekolah kedah bungah nanging ilmune boten tambah. d. Bocah sekolah kedah bungah supados tiyang sepuh susah. 2. Saking geguritan ing nginggil, menawi wonten sekolahan siswa bungah saged ndadosaken .... a. Sangune tambah, ibune sumringah. b. Sangune kurang, jajane tambah. c. Ilmu tambah, tiyang sepuh bungah. d. Ilmu tambah, tiyang sepuh susah. 3. Cakil : “Halo, menapa leres menika dalemipun Pak Sabar?” Candil : “... .” Cakil : “Kula Cakil, muridipun Pak Sabar”. Ukara ingkang trep kangge njangkepi pacelathon liwat telpon ing nginggil, inggih menika? a. “Halo, leres menika griyanipun Pak Sabar”. b. “Inggih, leres menika griyanipun Pak Sabar”. c. “Inggih, leres, nuwun sewu menika saking sinten nggih?” d. “Inggih, leres, nanging kula Candil”. Waosan kangge nomer 4-7 Dinten Jum’at wingi kula, Agus kaliyan Budi sholat Jum’at wonten Mesjid Jami Baitunnur. Sabubaripun sholat, kula kaliyan kanca-kanca dolan dateng Sendang Sani. Wonten ngrika kula kaliyan kanca-kanca nglangi wonten kolam renang salebetipun Sendang Sani. Kanca-kanca sami seneng sanget amargi sampun dangu boten ngraosaken toya wonten kolam renang ingkang seger. Amargi wekdal sampun wayah Asar, lajeng kula kaliyan kanca-kanca mentas saking kolam renang kasebut. Ananging sakderengipun wangsul griya piyambak-piyambak, kula lan kanca-kanca mampir rumiyin dateng Pintu Gerbang Majapahit ingkang boten tebih saking Sendang Sani. Pintu Gerbang Majapahit menika peninggalanipun rikala jaman Keraton Majapahit rumiyin. 4. Saking waosan wonten nginggil, ukara ingkangleres inggih menika? a. Kula kaliyan kanca-kanca sabubaripun sholat Jum’at dolan dateng Majapahit. b. Kula kaliyan kanca-kanca sabubaripun sholat Jum’at dolanan dumugi Asar. c. Kula kaliyan kanca-kanca sabubaripun sholat Jum’at nglangi wonten Sendang Sani. d. Kula kaliyan kanca-kanca sabubaripun sholat Jum’at nglangi wonten Majapahit. 5. Saking waosan wonten nginggil, kagiyatan menapa ingkang dipunlampahi tokoh “kula” wonten ing Sendang Sani? a. Nglangi b. Njagong c. Ngopi d. Nyanyi 6. Saking waosan wonten nginggil, dolan wonten pundi tokoh “kula” sakderengipun mampir wonten Pintu Gerbang Majapahit? a. Masjid Jami’ Baitunnur b. Majapahit c. Sendang Sani d. Tlogowungu 7. Pintu Gerbang Majapahit miturut waosan wonten nginggil peninggalanipun saking keraton pundi? a. Demak b. Majapahit c. Singasari d. Mataram Waosan kangge soal nomer 8-10 Ardi : “Wi, kowe mrenea!” Dwi : “Lawange bukaken dhisik Di!” Ardi : “Ora tak kancing kok Wan, mlebu wae!” Dwi : “Ya wis, aku tak mlebu, ana apa Di?” Ardi : “Iki lho, aku mbok diajari maca aksara Jawa?” Dwi : “Ooo..., ngono ta, ya wis jupuken bukumu disik!” Ardi : “Ya, nanging ajari sing gampang-gampang dhisik ya? Dwi : “Siap..., sing penting kowe ya sregep latihane!” Ardi : “Inggih Pak Guru!” 8. Saking waosan wonten nginggil, kenging menapa Ardi nimbali Dwi? a. Ardi nyuwun tulung ngresiki kebon. b. Ardi nyuwun tulung gladhen maos aksara Jawa. c. Ardi nyuwun tulung gladhen nyerat aksara Jawa. d. Ardi nyuwun tulung gladhen nunggang sepedha motor. 9. Ukara ingkang leres saking waosan wonten nginggil inggih menika? a. Ardi langkung pinter maos aksara Jawa tinimbang Dwi. b. Dwi langkung pinter maos aksara Jawa tinimbang Ardi. c. Ardi langkung pinter nyerat aksara Jawa tinimbang Dwi. d. Dwi langkung pinter nyerat aksara Jawa tinimbang Ardi. 10. Ukara ingkang boten leres miturut waosan wonten nginggil inggih menika? a. Ardi mboten nyuwun tulung gladhen maos aksara Jawa dateng Dwi. b. Ardi taksih dereng trampil maos aksara Jawa. c. Dwi purun mbiyantu gladhen maos aksara Jawi dateng Ardi. d. Dwi prentah dateng Ardi supados mendhet buku rumiyin. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngandhap kanthi pratitis! Waosan kangge soal nomer 1-5 Prabu Ramawijaya Wiwaha Kacariyos, Prabu Ramawijaya menika salah satunggaling titisan Dewa Wisnu. Dewa Wisnu tumurun saking Kayangan amarga panyuwunipun para Dewa. Para Dewa mboten tentrem amargi dipunganggu dening Dasamuka. Dasamuka inggih menika awujud raksesa ratu ing Alengka. Prabu Ramawijaya kagungan sedherek ingkang asma Lesmana. Wonten sawijining dinten, Prabu Ramawijaya tuwin Lesmana ngumbara wonten ing wana. Tiyang kekalih ngumbara njajah desa milang kori, ngumbara wonten setunggal nagari tumuju negari sanesipun. Rikala dumugi wonten ing Nagari Manthili, Prabu Janaka nembe ngawontenaken sayembara. Sayembaranipun inggih menika sinten ingkang saged menthang gandhewa pusaka kraton, badhe kapundhut mantu. Amargi Prabu Janaka kagungan putri ingkang ayu sanget, katah para kakung ingkang nyobi menthang gandhewa pusaka. Ananging sedaya ingkang tumut sayembara kalawau mboten saged menthang gandhewa pusaka. Lajeng Prabu Ramawijaya nyobi menthang gandhewa pusaka menika, gandhewa dipunjunjung lajeng dipunpenthang kanthi gampil ngantos tugel tengah. Sengga swanten tugelipun gandhewa menika kados gludhug lan ndadosaken ingkang ningali gumun. Saklajengipun Prabu Ramawijaya ingkang menang sayembara kepareng Dewi Sinta. Lajeng Prabu Ramawijaya dhaup kaliyan Dewi Sinta. Adicara dhaupipun Prabu Ramawijaya lan Dewi Sinta dangunipun ngantos pinten-pinten dinten. Amargi Dewi Sinta menika putri raja ingkang gung binantara. 1. Menapa ingkang njalari Dewa Wisnu anitis marang Prabu Ramawijaya? 2. Kenging menapa Dasamuka dipunmungsuhi kaliyan para dewa? 3. Sinten ingkang ngawontenaken sayembara menthang gandhewa pusaka kraton? 4. Kados pundi kahananipun gandhewa pusaka raja sasampunipun dipunpenthang kaliyan Prabu Ramawijaya? 5. Kenging menapa sayembara menthang gandhewa pusaka keraton njalari para kakung tumut dhateng sayembara kasebut?

0 komentar:

Posting Komentar